SELAMAT DATANG DI BLOG INI

Wednesday, July 21, 2010


Pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti urip ketakol.
Pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol.
Pring deling, tegese kendel lan eling.
Kendel marga eling timbang nggrundel nganti suwing.
Pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg, rejeki seret, ra sah dha buneg.
Pring ori, urip iku mati. Kabeh sing urip mesti bakale mati.